Friday, 20 May 2016

Es Dadi Panas

Es Dadi Panas


Dina Minggu aku lunga menyang Gunungkidul karo kancaku. Mangkat seko ngomah jam 7 esuk, tujuane dolan munggah Gunung Api Purba, Nglanggeran. Aku lan kancaku liwat Jalan Wonosari, dalane rame banget. Tekan lokasi aku tuku tiket banjur leren ning gazebo mergo perjalanane lumayan adoh. Sakwise kesele ilang langsung munggah gunung, nalika munggah gunung nglewati lorong-lorong sing sempit. Aku karo kancaku mlah diuyak-uyak munyuk mergo salah dalan. "Munyuke kok ganas yo, padahal awakdewe ra ngganggu" jareku. "Hooh, sujokno ra nganti tibo deko tebing" jare kancaku. Rasane kesel munggah gunung amergo lagi ping sepisan. Tekan puncak rasane seneng iso ndelok pemandangan daerah Nglanggeran lan embunge. 

Sakwise iku, aku lan kancaku medun gunung langsung ning parkiran arep mampir jajan ning Bukit Bintang. Tekan Bukit Bintang, banjur pesen wedang lan panganan. Pemandangan ning Bukit Bintang apik, opo meneh nek bengi. Nek awan panas banget. Wedang lan panganan wes teko, aku lan kancaku banjur ngicipi. "Tuku es jeruk kok rasane koyo jeruk anget, aneh yo". Jare kancaku "Iki paling mergo ning kene hawane panas, padahal es e yo di kei okeh".

No comments:

Post a Comment